Watara jam pitu bengi, wetenge Anto krasa luwe.

Senajan ing kono ana warung sing nyedhiakake maneka panganan nganti jam sanga bengi, nanging ibune Anto milih masak dhewe.

Ing wektu kuwi Anto, bapake, lan ibune padha gotong royong kanggo masak sega goreng.

Ibune Anto sing nggoreng segane, bapake Anto sing nggoreng sosis, lan Anto sing ngonceki sosis sing isih kabuntel plastik.

Sawetara menit candhake, sega goreng wis mateng lan dimaem bebarengan.

Ganda arume sega goreng katambahan swara ombak lan segere hawa wengi ing pesisir Cemara Sewu ndadekake rasa wetenge Anto tansah ndadi.

Senajan sing dimaem sega goreng, nanging merga dimasak bebarengan lan dimaem ing pesisir Cemara Sewu ing wayah wulan purnama rasane enak banget.

Nalika jam nuduhkake jam sanga wengi, Anto mlebu tenda kanggo turu. Merga hawane adhem banget, Anto turune nganggo sleeping bag.

Esuke, watara jam setengah lima Anton wis tangi. Untunge esuk kuwi langite ora mendhung, saengga Anto bisa nyawang srengenge mlethek.

Anto bungah banget bisa nyawang srengenge mlethek saka pesisir Cemara Sewu. Bareng srengengene wis rada dhuwur, Anto bisa dolanan ing gisike segara bareng bapake.

Kira-kira jam setengah rolas awan Anto lan kaluwargane mulih. Sadurunge mulih Anto lan kaluwargane ngresiki papan sing digawe kemah.

Pengalaman kemah ing pesisir Cemara Sewu mujudake salah siji pengalaman nyenengake sing dirasakake Anto.

2. Contoh Karangan tentang Liburan ke Kolam Renang

Judul: Dolan Menyang Pacet

Sawise sedina muput dolan menyang maneka tinggal sejarah Majapahit wiwit saka candhi Wingin Lawang, candhi Brahu, lan candhi Tikus, Dino lan kaluwargane ora langsung bali mulih menyang ngomah.

Ananging Dino lan kaluwargane milih nginep menyang salah siji penginapan sing cakrik omahe mirip kaya omah tinggalan jaman Majapahit.

Dino lan kaluwargane ora langsung bali amarga sesuk isih ana sawetara papan ngemu sejarah sing bakal didolani. Salah sijine yaiku museum Majapahit kang manggon ing Trowulan.

Miturut bapake, ing museum Majapahit iki akeh banget tinggalan sejarah saka jaman Majapahit sing disimpen.

Watara jam wolu bengi, Dino kepengin mapan turu, pamrihe sesuk tangine ora kawanen. Nanging kekarepan Dino iki dipenggak.

>>> Rel Trem di Jerman Meleleh Akibat Suhu Ekstrem 41 Derajat Celsius

“Hlo, aja...” (karangan terpotong)