“Hla iya ta, Le. Bapakmu iku ana-ana wae,” ibune Anto melu nambahi.

Bapake Anto mung mesem krungu wangsulane Anto lan sisihane. “Bune karo Anto sing bapak karepke prapatan Mekah kuwi dudu prapatan sing ana ing Arab.

Nanging, prapatan sing ana ing JLS iki. Manggone cedhak karo pesisir Kedhung Tumpang.

Papan kuwi sinebut prapatan Mekah merga dadi papan kumpule para wisatawan. Jalaran sesawangane endah.”

Sawise keprungu katrangan saka bapake ngenani prapatan Mekah, Anto lan ibune sarujuk. Mobil sing disetiri bapak Anto banjur digelak menyang prapatan Mekah.

Nalika Anto lan kaluwargane teka, kahanan prapatan Mekah wis rame banget. Untunge, Anto lan kaluwargane isih kebageyan papan parkir.

Sawise kuwi Anto lan kaluwargane andhok menyang warung kopi sing manggon ing papan kang paling dhuwur.

Saka warung kopi sing digawe andhok, Anto bisa nyawang jembar lan birune segara kidul.

Kateg anggone ngopi, Anto lan kaluwargane banjur nerusake laku menyang pesisir Cemara Sewu kang jarake saka prapatan Mekah udakara 4 kilonan.

>>> Kylian Mbappe: Messi Boleh Cetak Gol Lebih Banyak, tapi Prancis yang Juara Piala Dunia 2026

Sepuluh menit candhake, Anto lan kaluwargane wis tekan pesisir Cemara Sewu. Sawise mbayar karcis lan markirake mobil, Anto lan kaluwargane golek papan kang trep kanggo ngedegake tendha.

Anggone nggolek papan sengaja milih ing papan kang cemarane rada rungkut, ancase supaya sesuk awan ora kepanasan.

Kebeneran, wektu Anto lan kaluwargane kemah kuwi nepaki mangsa ketiga ing wektu purnama. Dadine mbulane katon cetha banget.

Ya, saka anane cahya purnama kuwi kang ndadekake swasana ing sakiwa tengene tendha rada suda petenge.