Urgensi Muhasabah Diri: Mengoreksi Langkah Sebelum Terlambat

Tema Muhasabah Diri dipilih sangat tepat untuk bulan Safar ini. Mengapa? Karena muhasabah atau introspeksi diri adalah perintah agama yang mendesak.
 
Khalifah Umar bin Khattab RA pernah berucap, "Hisablah dirimu sebelum kamu dihisab, dan timbanglah amalmu sebelum ditimbang." Muhasabah mengajak kita untuk sejenak berhenti dari hiruk-pikuk duniawi, menengok ke belakang apa yang telah kita perbuat, dan mempersiapkan bekal untuk masa depan—baik dunia maupun akhirat.
 
Dengan muhasabah, seorang muslim akan sadar akan dosa dan khilafnya. Kesadaran ini akan melahirkan istigfar yang tulus, sehingga ia tidak akan mengulangi kesalahan yang sama. Ia akan berusaha menjadikan hari ini lebih baik dari hari kemarin.
 

 

Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa Bulan Safar 1448 H / Juli 2026

Tema: Muhasabah Diri (Niti Pirsa Awak Piyambak)
 
Berikut ini adalah naskah khutbah Jumat lengkap dalam bahasa Jawa yang dapat dijadikan rujukan bagi para khatib di masjid-masjid, musholla, maupun langgar.
 

KHUTBAH PERTAMA

Mukadimah Khutbah (Arab) الْحَمْدُ لِلهِ الْمَلِكِ الْعَلَّامِ وَاَعْطَانَا مَاعِنْدَهُ مِنَ الْفَضْلِ وَالْإِنْعَامِ أَحْمَدُهُ وَأَشْكُرُهُ عَلَى نِعْمَةِ الْجِسْمِ والْمُجَسَّمِ وَهِيَ الصِّحَةُ وَالْإِيْمَانُ وَالْإِسْلاَمُ، أَشْهَدُ اَنْ لاَإِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ الْمُتَّصِفُ بِالْبَقَاءِ وَالْقِدَمِ وَأَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اِلَى جَمِيْعِ الْعَالَمِ اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى عَبْدِكَ مُحَمّدٍ صَاحِبِ الظِّلِّ فِى الْغَمَامِ وَاَلِهِ وَصَحْبِهِ الْبَرَرَۃِ الْكِرَامِ
 
Isi Khutbah (Bahasa Jawa) Ma'asyiral muslimin rahimakumullah......
 
Sedaya puji namung kagunganipun Gusti Allah Swt., Dzat Ingkang Maha Kuwaos, ingkang sampun nyiptaake langit lan bumi sak isine. Kanthi sedaya nikmatipun, mangga kita syukuri kelawan gunaake nikmat punika ing dalan ingkang sahe.
 
Mangga kita tansah ningkataken takwa kita kelawan nindaake perintahipun Gusti Allah saha nebihi sedaya awisane. Mugi-mugi kita kalebet golongan ingkang angsal ridha lan rahmatipun Gusti Allah Ta'ala. Aamiin.
 
وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاتَّقُونِ يَا أُولِي الأَلْبَابِ
 
Artosipun: "Pada (gawa) sanguha sira kabeh, mangka setuhune luwih bagus-baguse sangu, yaiku takwa marang Allah. Lan padha takwaha sira kabeh ing Ingsun (Allah), hei wong kang padha duweni akal.” (QS. Al-Baqarah: 197)
 
Sholawat sartanipun salam keaturaken dumateng Kanjeng Nabi Muhammad ingkang sampun paring tupa tuladha kesahenan marang kita sedaya, lan ingkang kita ajeng-ajeng syafaatipun mbenjang wonten dinten kiamat.
 
Para jamaah ingkang dipun rahmati Allah.....
 
Alhamdulillah kita bakal nyambut sasi anyar, yaiku wulan Sapar utawi Safar. Ing Jumat menika, Khatib badhe nyampeaken khutbah ingkang ngangkat tema pentingipun muhasabah utawi ngeling-eling.
 
Ngeling-eling dateng napa ingkang sampun kita lampahi wonten ing wayah kapungkur menika estu penting. Niki supados kita saget ngelampahi masa depan lan mangertosi anggenipun nangani perkawis utawi masalah-masalah.
 
Ampun ngantos kita sedaya mboten saget sinau dateng napa mawon ingkang sampun kita alami. Kanthi muhasabah, kita saget ngedohi hal-hal negatif lan mundut hal-hal positif kangge bekal masa depan sahingga kita mboten kalebet tiyang ingkang cilaka.
 
Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam dhawuh sabda:
 
مَنْ كَانَ يَوْمُهُ خَيْرًا مِنْ أَمْسِهِ فَهُوَ رَابِحٌ. وَمَنْ كَانَ يَوْمُهُ مِثْلَ أَمْسِهِ فَهُوَ مَغْبُوْنٌ. وَمَنْ كَانَ يَوْمُهُ شَرًّا مِنْ أَمْسِهِ فَهُوَ مَلْعُوْنٌ
 
Artosipun: “Sapa wonge kang dina iki luwih apik saka dina wingi, mangka mlebu wong kang beja. Sapa wonge kang dina iki pada wae saka dina wingi, mangka mlebu wong kang rugi. Sapa wonge kang dina iki luwih ala saka dina wingi, mangka wong iku kalebu wong kang cilaka.” (HR. Al-Hakim)
 
Para jamaah ingkang minulya.....
 
Kita kedah muhasabah awak piyambak utawi niti pirsa kelakuan kita awit injing ngantos dalu. Muhasabah utawi niti pirsa awake piyambak niku kalebet perintahipun agama.
 
Menawi kita purun muhasabah, mestinipun bakal kelingan dosa utawi lepat kita. Kanthi kelingan dosa punika, mangga kita ngatahaken ing maos istigfar kalian Allah, mugi-mugi dosa kita dipun paringi pangapura lan mboten bakal dibaleni malih.
 
Gusti Allah sampun dhawuh wonten ing surah Al-Hasyr ayat 18:
 
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ وَلْتَنْظُرْ نَفْسٌ مَّا قَدَّمَتْ لِغَدٍۚ وَاتَّقُوا اللّٰهَۗ اِنَّ اللّٰهَ خَبِيْرٌ ۢ بِمَا تَعْمَلُوْنَ
 
yâ ayyuhalladzîna âmanuttaqullâha waltandhur nafsum mâ qaddamat lighad, wattaqullâh, innallâha khabîrum bimâ ta‘malûn
 
Artosipun: “Hei, wong-wong kang padha iman, takwa (wedi) sira kabeh ing Allah, lan supaya ningali sapa awak-awakan, amal-amal apa kang arep diajuake kanggo ngadepi dina kiamat mbesok. Lan sira kabeh padha wedi ing Allah. Temenan Allah iku Maha Waspada, mirsani apa-apa kang sira kabeh padha nindaake.” (QS. Al-Hasyr: 18)
 
Pramila, mangga kita sami-sami niti pirsa awal piyambak-piyambak. Ampun ngantos rumangsa resik mboten gadah kaluputan, sahingga mboten gampang ningali tiyang lintu katah dosane. Lan mugi-mugi kita sedaya pinaringan pitulung saking Gusti Allah.
 
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، وَتَقَبَلَّ اللهُ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ، إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ، أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرّحِيْمِ